Deuteronomy 32:39 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane; ora ana Allah, kajaba Ingsun. Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake, Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake; sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saiki kowé pada nitènana, yèn Aku, ya Aku iki Panjenengané; ora ana Gusti Allah, kejaba Aku. Aku sing matèni, lan ya Aku sing nguripké, Aku sing ngremuk, lan ya Aku sing maraské; lan ora ana sing bisa ngluwari sangka tangan-Ku.