Deuteronomy 33:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pambareping sapine kang dadi kaluhurane, lan sungune kaya sungune bantheng; iku bakal digawe nyundhang bangsa-bangsa ing salumahing bumi, saka ing poncot tekan ing poncot. Yaiku wong Efraim kang puluhan ewu lan wong Manasye kang ewon.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Anak mbarepé sapiné sing dadi kaluhurané, lan sunguné kaya sunguné sapi alasan; kuwi bakal digawé nyundang bangsa-bangsa ing sak lumahé bumi, sangka pojok tekan ing pojok. Ya kuwi wong Efraim sing puluhan èwu lan wong Manasé sing éwon-éwon.”