Deuteronomy 5:25 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging sapunika kados pundi, punapaa dene kula kok kedah nemahi pejah. Awitdene latu ageng punika temtu badhe mangsa kula sadaya; manawi kula ngantosa kedangon anggen kula sami mireng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saestu kula sami badhe pejah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging saiki kepriyé, kenèng apa kita kok kudu nemoni pati. Awit geni gedé kuwi mesti bakal mangan kita; yèn kula nganti kesuwèn enggèn kita pada krungu pitutur-pituturé GUSTI, Gusti Allah kita, tenan kita pada bakal mati.