Deuteronomy 9:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bab kuwi ing dina iki kowé pada ngertia, yèn GUSTI, Gusti Allahmu, ya Panjenengané sing mlaku ana ngarepmu lan sing kaya geni ngobong, ya Panjenengané sing bakal matèni sakkèhé bangsa kuwi, pada dikalahké ing ngarepmu. Kaya mengkono kedadiané bangsa mau bakal kok tundungi lan bakal kok entèkké, kaya sing wis dadi janjiné GUSTI marang kowé.