Ecclesiastes 12:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
wong-wong uga padha dadi wedi marang unggah-unggahan; lan ing dedalan ana kang memedeni, wit saked akembang, walange lakune ngrekasa kalawan nyeret awake, tuwin kekarepan mangan ora kena kagugah maneh -- amarga manungsa lunga menyang ing omahe kang langgeng, apadene para juru nangis padha kluyuran ana ing dedalan,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong-wong uga pada wedi marang unggah-unggahan, ing ndalan ana sing medèni, wit amandel ngembang, walangé mlakuné ngrekasa karo nyèrèt awaké, lan kepénginané seneng-seneng ora ana menèh, awit manungsa lunga nang omahé sing langgeng, uga para tukang nangis, pada kluyuran ing ndalan.