Ecclesiastes 5:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa kowe duwe nadar ana ing ngarsaning Allah, aja kok undur-undur anggonmu netepi, marga Panjenengane ora rena mirsani para wong kang gemblung. Tetepana nadarmu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn kowé nduwé janji ing ngarepé Gusti Allah, aja kok undur-undur enggonmu netepi, awit Gusti ora seneng wong sing bodo. Tetepana janjimu.