Ecclesiastes 9:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kabeh iku lugune wus dakgilut-gilut ing sajroning atiku, wus daktitipriksa, yaiku manawa para wong mursid lan para wong wicaksana iku dalah sapanggawene, apa katresnan apa sesengitan, padha ana ing astaning Allah, manungsa ora sumurup samubarang kang bakal kelakon tumrap dheweke.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kabèh kuwi sakjané wis tak gatèkké ing sak njeruhné atiku, wis tak préksa, ya kuwi yèn para wong bener lan para wong wityaksana lan kabèh sak penggawéané, apa katrésnan apa sesengitan, ana ing tangané Gusti Allah; manungsa ora weruh samubarang sing bakal kelakon.