Ecclesiastes 9:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku weruh menèh ing sak ngisoré srengéngé, yèn ing balapan kuwi sing njalari menang duduk banteré mlayu, lan kemenangan peperangan kuwi ora kanggo wong sing kuwat, uga roti kuwi ora kanggo wong sing wityaksana, kasugihan ora kanggo wong sing pinter, lan kahurmatan ora kanggo wong sing paling pinter, awit wong mau kabèh pada gumantung waktu lan pantyèn nasipé mengkono.