Ephesians 1:11 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Daktembungake “ing Sang Kristus”, awit iya ana ing Panjenengane iku aku kabeh padha oleh panduman kang dijanjekake -- aku kang saka wiwitan padha katemtokake tampa panduman iku cundhuk karo karsaning Allah, kang ing samubarang kabeh makarya manut putusaning karsane --
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Jalaran awaké déwé, sing wong Ju, wis dadi siji karo Kristus, awaké déwé uga wis nduwèni sembarang sing wis wèké Kristus. Kuwi pantyèn wis dadi kekarepané Gusti Allah kawit mbiyèn-mbiyèné lan sembarang ya klakon manut kekarepané Dèkné.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing Kristus, awit ya ing Panjenengané kuwi, kita pada olèh warisan sing dijanjèkké - kita sing sangka wiwitan wis pada dipilih karo Panjenengané tyotyok karo karepé Gusti Allah, sing nindakké samubarang miturut putusané karepé -