Ephesians 3:7 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aku wus dadi paladene Injil iku manut peparinge sih-rahmate Gusti Allah kang kaganjarake marang aku cundhuk karo makaryane panguwaose.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Aku saiki dadi peladèné Gusti Allah kanggo nggelarké kabar kabungahané Gusti Yésus Kristus iki jalaran Gusti Allah karep ngétokké kabetyikané marang aku lan milih aku. Dèkné sing ngekèki kekuwatan marang aku, supaya aku bisa ngerjani penggawéan iki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sangka Injil kuwi aku wis dadi abdiné miturut ganjarané kawelasané Gusti Allah, sing dikèkké marang aku tyotyok karo penggawéané pangwasan-Né.