Ephesians 6:13 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane padha nyandhaka praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nyembadani samasa tekane dina kang ala iku lan tetep tangguh sawuse kowe ngrampungake sakabehe.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané para sedulur, kowé kudu nganggokké gaman-gamané Gusti Allah kanggo mageri awakmu déwé. Dadiné kapan-kapan nèk Sétan nglawan, kowé bisa kuwat mbales lan nèk wis rampung perang, kowé ijik tetep kuwat.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané pada nggawaa sak kabèhé gaman perangé Gusti Allah, supaya kowé bisa nindakké lawanan ing tekané dina sing ala kuwi lan tetep ngadek jejek, sakwisé kowé ngrampungké kuwi kabèh.