Ephesians 6:16 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
sajrone mangkono iku padha nganggoa tamening pracaya, margane kowe bakal bisa nyirep sakehing panah geni saka si pangawak dursila,
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kaping papat: ing kangèlan apa waé, pretyayaa nèk Gusti Allah bakal nulungi kowé. Ora béda kaya soldat nyekel tèbèngé kaé kanggo nutupi awaké. Dadiné nèk Sétan ngetyulké panah-panah sing ènèng geniné marang kowé, kowé bisa nampik. Tegesé, nèk Sétan arep nglebokké barang sing ora apik ing angen-angenmu, kowé bisa ngendek kuwi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
ing kahanan apa waé pada nganggoa pengandel kanggo tamèng, awit ya tamèng sing kaya mengkono kuwi sing kena kok enggo nangkis sak kabèhé panah geni sangka si duraka,