Esther 1:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing dinten punika semahipun para pangageng ing Persia kaliyan ing Media ingkang sami mireng bab tindak-tandukipun Sang Prameswari punika wau, mesthi sami reraosan bab punika kaliyan semahipun, temahan badhe nuwuhaken raos ngremehaken saha kanepson ingkang boten wonten telas-telasipun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing dina kuwi bojoné para penggedé ing Pèrsia karo ing Média sing pada krungu bab tindak-tanduké ratu wadon Wasti kuwi mau, mesti pada rembukan bab kuwi karo bojoné, sak nalika bakal nindakké rasa ngrèmèhké lan dinesoni bojoné lanangé nganti ora ana rampungé.