Esther 1:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawi ndadosaken keparenging panggalihipun Sang Prabu, mugi ndhawuhna undhang-undhang ing karajan kapacaka wonten ing angger-anggeripun bangsa Persia lan Media, ingkang boten kenging kaceled, inggih punika bilih Sang Prameswari Wasti boten kenging sowan malih wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Ahasyweros, saha kalenggahanipun dados Prameswari kaparingna dhateng putri sanesipun, ingkang ngungkuli utaminipun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn ndadèkké senengé atiné ratu, supaya ngetokké pepakon ing kraton, ana angger-anggeré bangsa Pèrsia lan Média sing ora kena dijabut, ya kuwi yèn ratu Wasti ora olèh menèh nemoni ratu Ahaswéros, lan lungguhané dadi ratu wadon dikèkké marang wong wadon liyané, sing luwih apik.