Esther 2:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika Ester -- anake Abihail pamane Mordekhai, kang mupu Ester iku -- wus ndungkap gilirane marak marang ing ngarsane Sang Prabu, Ester mau ora njaluk apa-apa, kajaba mung kang diprayogakake Hegai, abdi dalem lurah kaputren. Dene Ester ndadekake reseping atine angger wong kang nyawang.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu Ester - anaké Abihail pamané Mordekhai, sing mupu Ester kuwi - sak durungé giliran nemoni ing ngarepé ratu, Ester mau ora njaluk apa-apa, kejaba mung sing dikongkon Hegai, abdi kraton penggedé omah kanggo botyah wadon. Ester ndadèkké senengé atiné angger wong sing nyawang.