Esther 3:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para abdi dalem panitra padha katimbalan, -- iku pinuju sasi kapisan tanggal ping telulas, -- banjur padha nulis kaya sapituduhe Sang Haman, ijoane, prentah marang para wakile Sang Prabu, tuwin saben bupati kang mangku wilayah, apadene saben panggedhening bangsa, yaiku marang saben wilayah nganggo tulisane lan marang saben bangsa manut basane, panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros lan kaecap mawa sesupe cape Sang Prabu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para abdi kraton juru tulisé pada dityeluk, - kuwi nalika sasi kaping pisan tanggal kaping telulas, - terus pada nulis kaya sing dipréntahké Haman, ditulis layang, préntah marang para wakilé ratu, lan saben bupati sing ngwasani panggonan, uga saben penggedéné bangsa, ya kuwi marang saben panggonan nganggo tulisané lan marang saben bangsa miturut basané, tulisané atas asmané Ahaswéros lan dityap karo tyapé ratu.