Esther 3:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Haman nganggep keremehen manawa mung Pak Mordekhai thok kang diarah patine, amarga wus kaaturan uninga, Mordekhai iku bangsa apa. Dadi pangangkahe arep numpes sakehing wong Yahudi, kang tunggal bangsa karo Pak Mordekhai, kang ana ing saindenging karajane Sang Prabu Ahasyweros.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Haman nganggep ora ana ajiné yèn namung Mordekhai sing diarah patiné, awit wis diomongi, Mordekhai kuwi bangsa apa. Dadi karepé arep matèni kabèh wong Ju, sing tunggal bangsa karo Mordekhai, ing sak kabèhé kratoné Ahaswéros.