Esther 4:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Sakathahing para abdinipun Sang Prabu sadaya dalah tiyang ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu sadaya sampun sami sumerep, bilih tumrap sinten-sintena, jalera estria, ingkang seba dhateng ngarsanipun Sang Prabu ngantos dumugi ing plataran nglebet, boten sarana dipun timbali, namung wonten undhang-undhang satunggal ingkang tumindak: inggih punika paukuman pejah. Namung manawi Sang Prabu karsa ngathungaken jungkating kaprabon kancana dhateng tiyang punika, tiyang punika tetep gesang. Lan salebetipun tigang dasa dinten punika kula boten katimbalan marek ing ngarsanipun Sang Prabu.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Kabèh para abdiné ratu, uga wong ing kabèh panggonan pangwasané ratu wis pada ngerti, yèn kanggo sapa waé, lanang-wadon, sing ngadep marang ratu nganti teka ing plataran njeruh, ora karo dityeluk, mung ana pepakon siji sing bakal kelakon: ya kuwi paukuman mati. Mung yèn ratu gelem ngelungké tekené kraton emas marang wong kuwi, wong kuwi tetep urip. Lan sak njeruhné telung puluh dina kuwi, kula ora dityeluk teka ing ngarepé ratu.”