Esther 4:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pak Mordekhai banjur akon matur marang Prameswari Ester mangkene: “Panjenengan dalem sampun kagungan panginten, bilih badhe oncat piyambak saking antawisipun tiyang Yahudi, dumeh panjenengan dalem wonten ing karaton.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mordekhai terus ngongkon ngomong marang ratu wadon Ester mengkéné: “Sampéyan aja nduwé pikiran, yèn bakal utyul déwé sangka antarané wong Ju, dumèh sampéyan ing kraton.