Esther 8:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing nalika iku uga para abdi dalem panitra banjur padha katimbalan, pinuju sasi katelu -- iya iku sasi Siwan -- tanggal ping telulikur, padha nulis kaya saprentahe Pak Mordekhai, kagawe undhang-undhang marang wong Yahudi, para wakile Sang Prabu, para bupati lan marang para panggedhening dhaerah, wiwit ing tanah Indhia nganti tutug ing tanah Etiopia, satus pitulikur dhaerah, saben tanah nganggo tulisane dhewe-dhewe, sarta saben bangsa nganggo basane dhewe-dhewe, mangkono uga wong Yahudi nganggo tulisan lan basane dhewe.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu kuwi uga para abdiné ratu juru tulisé terus pada dityeluk, nalika sasi kaping telu - ya kuwi sasi Siwan - tanggal kaping telulikur, pada nulis kaya sing dipréntahké Mordekhai, digawé pepakon marang wong Ju, para wakilé ratu, para bupati lan marang para penggedéné distrik, wiwit ing negara India nganti tekan ing negara Etiopia, 127 propinsi, saben propinsi nganggo tulisané déwé-déwé, lan saben bangsa nganggo basané déwé-déwé, mengkono uga wong Ju nganggo tulisan lan basané déwé.
Recommended Reading