Exodus 10:26 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene raja-kaya inggih badhe kawula bekta ugi, tracak satunggal kemawon boten kenging kantun; awitdene inggih panunggilanipun punika ingkang badhe kawula damel saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kawula; kawula sami boten sumerep punapa ingkang kedah kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, saderengipun kawula dumugi ing ngrika.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kéwan-kéwané ya bakal kita gawa uga, tratyak siji waé ora kenèng kèri; awit ya tunggalé kéwan kuwi sing bakal kita nggawé kurban ngabekti marang GUSTI, Gusti Allah kita; kita pada ora ngerti apa sing kudu kita pasrahké marang GUSTI, sak durungé kita teka ing kana.”