Exodus 10:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono para abdine Sang Prabu Pringon banjur munjuk marang Sang Prabu: “Taksih pinten dangunipun tiyang-tiyang punika anggenipun dados jiret tumrap kita? Sumangga ta panjenengan dalem lilani kemawon anggenipun sami kesah saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun. Punapa panjenengan dalem dereng kraos, bilih tanah Mesir temtu badhe risak?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono para abdiné Parao terus ngomong marang sang ratu: “Ijik pira suwéné wong-wong kuwi enggoné dadi jiret kanggo kita? Hayuk ta sampéyan lilani waé enggoné pada lunga ngabekti GUSTI, Gusti Allahé. Apa sampéyan durung krasa, yèn negara Egipte mesti bakal rusak?”