Exodus 13:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotake galihe ora nglilani kita padha lunga, Pangeran Yehuwah tumuli mateni sakehe pambarep ing Mesir, wiwit pambarepe manungsa nganti tekan pambarepe kewan; mulane sakehe pambarepe kewan kang lanang dikurbanake, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit waktu Parao ngatoské atiné ora nglilani kita pada lunga, GUSTI terus matèni saben anak mbarep ing Egipte, wiwit anak mbarepé manungsa nganti tekan anak mbarepé kéwan-kéwan; mulané sakkèhé anak mbarepé kéwan-kéwan sing lanang dikurbanaké, nanging saben anakku mbarep sing lanang kuwi tak tebus.