Exodus 13:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israel lunga, Gusti Allah anggone ngirid lakune ora metu ing dalan kang anjog ing tanahe bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhewe, sabab pangandikane: “Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Parao wis nglilani wong Israèl lunga, Gusti Allah nuntun mlakuné ora metu ing dalan sing nuju ing negarané bangsa Filistèn, senajan dalan kuwi sing tyedak déwé, awit tembungé: “Bangsa kuwi menawa ngalami perang aja nganti gela, nganti pada bali menyang ing Egipte.”