Exodus 13:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
dene Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugu mega kang diagem nuntun lakune, lan ing wayah bengi ana ing tugu geni kang diagem madhangi, supaya padha bisa mbanjurake lakune rina lan wengi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
nanging Gusti Allah mlaku ing ngarepé, ing wantyi awan ana tugu mega sing dienggo nuntun mlakuné, lan ing wantyi mbengi ana tugu geni sing dienggo madangi, supaya pada bisa nerusaké mlakuné awan lan wengi.