Exodus 15:22 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngangkatake wong Israel saka ing sagara Teberau menyang ing pasamunan Syur; anggone lumaku ana ing pasamunan nganti telung dina ora oleh banyu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono Moses terus mbudalké wong Israèl sangka segara Abang menyang ing ara-ara samun Sur; enggoné mlaku ing ara-ara samun nganti telung dina ora olèh banyu.