Exodus 16:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Nabi Musa maneh: “Yen mengko sore kowe padha diparingi daging dening Pangeran Yehuwah lan sesuke diparingi roti nganti wareg, iku awit Pangeran Yehuwah wus miyarsa panggrundelmu kang padha koktujokake ing Panjenengane. Aku iki apa ta? Dudu aku kang kokkedumeli iku, nanging Pangeran Yehuwah.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Moses menèh: “Yèn mengko soré kowé pada dikèki daging karo GUSTI lan sésuké dikèki roti nganti warek, kuwi awit GUSTI wis krungu panggrundelmu sing pada kok tujokké marang Panjenengané. Kita iki apa ta? Duduk kita sing kok omèli kuwi, nanging GUSTI.”