Exodus 16:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nabi Musa banjur ngandika marang Rama Harun: “Tutura marang sapasamuwane Israel kabeh: Padha sowana kabeh marang ing ngarsaning Sang Yehuwah, awit Sang Yehuwah wus miyarsa ing panggrundelmu.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Moses terus ngomong marang Harun: “Ngomonga marang sak pasamuan Israèl kabèh: Pada tekaa kabèh ing ngarepé GUSTI, awit GUSTI wis krungu panggrundelmu.”