Exodus 17:5 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira lumakua ana ing ngarepe umat kairinga dening para tuwa-tuwane Israel sawatara, dene teken kang wus tau sira gawe nyabet bengawan Nil iku gawanen, nuli mangkata!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Préntahé GUSTI marang Moses: “Kowé mlakua ing ngarepé umat ditutké karo para tuwa-tuwané Israèl, nanging teken sing wis tau kok gawé nyabet kali Nil kuwi gawanen, terus lungaa!