Exodus 19:24 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangeran Yehuwah nuli dhawuh: “Wis, sira mundura, banjur munggaha maneh karo Harun, nanging para imam lan rakyat aja nganti mbrobos ing pager sarta munggah sowan ing ngarsaning Yehuwah, supaya aja nganti padha kena ing bebendune.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
GUSTI terus ngongkon: “Wis, kowé lungaa, terus munggaha menèh karo Harun, nanging para imam lan rayat aja nganti mbrobos ing pager lan munggah nemoni ing ngarepé GUSTI, supaya aja nganti pada kena bebenduné.”