Exodus 23:24 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sira aja sujud utawa ngabekti marang allahe lan aja niru panggawene, malah padha sira sirnakna babar pisan reca-reca brahala gegaweane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé aja sujut utawa ngabekti marang allahé lan aja niru penggawéné, malah pada kudu kok rubuhna babar pisan retya-retyané brahala gawèané.