Exodus 25:31 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Sira gawea padamaran mas murni; padamaran iku kang digawe kudu mas gemblengan, iya sikilane iya adeg-adege; dalah rerekane slaga, kudhup lan kembange padha kagawea iras-irasan karo padamarane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé nggawéa kandelar emas murni; kandelar kuwi sing digawé kudu emas gemblèngan, ya sikilané ya adek-adeké; kabèh kenopé, adahé sumbu lan kembangané kudu siji.