Exodus 28:38 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Blebekan iku anaa ing bathuke Harun lan Harun kudu nyangga akibate kaluputan tumrap samubarang kang disucekake dening wong Israel, yaiku tumrap sadhengah kang dadi pisungsung sesengkerane. Blebekan mau kudu tetep tumempel ing bathuke, supaya wong Israel iku katrimah ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Blèbèkan kuwi anaa ing batuké Harun lan Harun kudu nyangga kesalahan kanggo samubarang sing disutyèkké karo wong Israèl, ya kuwi kanggo kabèh sing dadi pisungsung sutyi. Blébékan mau kudu tetep nèmplèk ing batuké, supaya wong Israèl kuwi ketampa ing ngarepé GUSTI.