Exodus 28:43 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iku kudu dianggo Harun dalah anak-anake samangsa lumebu ing Tarub Pasewakan utawa samangsa nyedhaki misbyah perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, supaya aja nganti kaluputan lan banjur mati. Iku dadia pranatan ing salawase tumrap Harun lan para turune.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuwi kudu dienggo Harun kabèh anak-anaké yèn mlebu ing Tarup Kumpulan utawa yèn nyedaki mesbèh perlu nindakké pangabekti ing panggonan sutyi, supaya aja nganti kesalahan lan terus mati. Kuwi dadia pernatan ing selawasé kanggo Harun lan para turunané.