Exodus 28:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabuk kang kanggo ningseti kotang efod iku kudu padha panggarape lan kagawe iras-irasan karo kotang efod mau, bakale iya mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sabuk sing kanggo nyingseti kotang éfod kuwi kudu pada gawéané lan digawé dadi siji karo kotang éfod mau, bakalé ya emas, bakal wungu tuwa, wungu nom, abang lan mori lenan alus tenunan.