Exodus 3:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané Aku medun gelem nylametaké umat-Ku sangka tangané wong Egipte, lan Tak tuntun metu sangka negara kuwi menyang negara sing apik lan jembar, negara sing lubèr mèlek lan madu, panggonané wong Kanaan, wong Hèt, wong Amori, wong Fèris, wong Hèwi lan wong Yébus.