Exodus 30:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Misbyah padupan iku sira prenahna ing sangarepe geber kang kanggo ngaling-alingi pethi angger-angger, ing sangarepe tutup pangruwatan kang ana ing sadhuwure papan angger-angger, iya ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mesbèh pedupan kuwi sèlèhna ing ngarepé geber sing kanggo ngaling-alingi peti pernatan, ing ngarepé tutupé pangrukunan ing sak nduwuré panggonan pernatan, ya ing kono enggon-Ku bakal nemoni kowé.