Exodus 32:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paduka mugi karsaa enget dhateng abdi Paduka, Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Israel, ingkang sampun Paduka paringi prasetya kanthi supaos dhemi sarira Paduka pribadi saha sami Paduka pangandikani: Turunira bakal Suntangkar-tangkarake nganti kaya lintang ing langit, lan tanah kang wus Sunjanjekake iku kabeh bakal Sunparingake marang turunira, supaya dadi darbeke ing salawas-lawase.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Gusti mbok gelem éling marang abdi Panjenengan, Abraham, Isak lan Israèl, sing wis Panjenengan ngekèki perjanjian karo sumpah kanggo Gusti déwé lan pada Panjenengan omongi: Turunanmu bakal tangkar tumangkar nganti kaya lintang ing langit, lan negara sing wis Tak janjèkké kuwi kabèh bakal Tak wènèhké marang turunanmu, supaya dadi duwèké ing sak lawasé.”