Exodus 33:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nabi Musa banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Lah kawula Paduka pangandikani: Bangsa iki konen mangkat, mangka Paduka boten paring sumerep dhateng kawula, sinten ingkang badhe Paduka dhawuhi nyarengi kawula; ewadene sampun wonten pangandika Paduka dhateng kawula: Ingsun wanuh marang jenengira, lan sira iya wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Moses terus ngomong marang GUSTI: “Kula Panjenengan omongi: Bangsa iki kongkonen budal, nanging Gusti ora ngekèki ngerti marang kula, sapa sing bakal Gusti utus bebarengan karo kula; senajan wis ana tembung Panjenengan marang kula: Aku kenal marang jenengmu, lan kowé ya wis olèh kawelasan ing ngarep-Ku.