Exodus 34:29 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kacarita nalika Nabi Musa tumedhak saka ing gunung Sinai, -- papan angger-anggering Allah sakarone kaasta mandhap, nalika mandhap saka ing gunung mau -- panjenengane ora mirsa yen kuliting pasuryane mencorong marga saka anggone wus imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu Moses medun sangka gunung Sinai, lèmpèngan watu pernatané Gusti Allah loro-loroné digawa medun, waktu medun sangka gunung mau, dèkné ora ngerti yèn kulité praupané semlorot awit sangka enggoné wis omong-omongan karo GUSTI.