Exodus 34:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
semauré: “Duh Gusti, yèn kula wis olèh kawelasan katrésnan ing ngarepé Panjenengan, duh Gusti, Panjenengan muga gelem mlaku ing tengah-tengah kita; senajan bangsa kuwi bangsa sing wangkot, Panjenengan supaya ngapura kesalahan lan dosa kita kabèh; kita supaya pada Panjenengan jikuk dadi duwèké Panjenengan.”