Exodus 36:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nabi Musa tumuli dhawuh ngudhangake ana ing palereban, mangkene: “Wong lanang utawa wadon wus ora susah nggawa apa-apa maneh minangka pisungsung-mligi kanggo ing pasucen.” Mangkono dadine rakyat mau kapenggak anggone ngaturake pisungsung maneh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Moses terus ngongkon ngabaraké ing tarup-tarupé, mengkéné: “Wong lanang utawa wadon wis ora susah nggawa apa-apa menèh kanggo pisungsung kanggo ing omah sutyi.” Mengkono dadi rayat mau dipenggak enggoné nggawa pisungsung menèh.