Exodus 38:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Cagak papat lan ompake papat iku padha tembaga, nanging canthelane salaka, ing dhuwure cagak uga padha kablongsong salaka, mangkono uga sunduke iya salaka.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tyagak papat lan umpaké papat kuwi sangka tembaga, nanging tyantèlané slaka, ing duwuré tyagak uga pada dilapis slaka, mengkono uga sunduké sangka ya slaka.