Exodus 8:26 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ature Nabi Musa: “Kawula boten saged tumindak makaten, awit kurban ingkang badhe kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula punika, nistha tumrap tiyang Mesir. Saupami kawula sami nyaosaken kurban ingkang nistha tumrap tiyang Mesir wonten ngajenganipun, punapa kawula boten lajeng dipun benturi sela?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Moses: “Kula ora bisa nandangi mengkono, awit kurban sing bakal kula pasrahké marang GUSTI, Gusti Allah kula kuwi, ala kanggo wong Egipte. Yèn kula pada ngladèni kurban sing ala kanggo wong Egipte ana ngarepé, apa kula ora terus dibandemi watu?