Exodus 8:9 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ature Nabi Musa marang Sang Prabu Pringon: “Kawula nyumanggakaken karsa panjenengan dalem, benjing punapa anggen kawula ndedonga kagem panjenengan dalem tuwin para abdi saha para kawula dalem, supados kodhok-kodhok punika katumpes sirna saking ngarsa dalem saha saking ing salebetipun griya-griya, namunga kantun ingkang wonten ing benawi Nil kemawon?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Moses marang Parao: “Kula turuti karep sampéyan, mbésuk kapan enggèn kula ndedonga kanggo sampéyan lan para abdimu lan para rayatmu, supaya kodok-kodok kuwi kudu dibuwang entèk sangka ngarepé sampéyan lan sangka njeruhné omah-omahmu, mung kèri ing kali Nil waé?”