Ezekiel 10:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kerub-kerub iku padha ngegarake swiwine lan nalika lungane aku sumurup, iku padha mumbul saka ing lemah bebarengan karo rodha-rodhane. Banjur padha leren ing sacedhaking lawange gapurane padalemane Pangeran Yehuwah kang ana ing sisih wetan, tuwin kamulyane Allahe Israel ana ing sadhuwure.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kerup-kerup kuwi pada megarké swiwiné lan waktu lungané aku weruh, kuwi pada mumbul sangka lemah bebarengan karo glindingan-glindingan. Terus pada lèrèn ing sak tyedaké lawangé gapurané griya sutyiné GUSTI ing sisih wétan lan kamulyané Gusti Allahé Israèl ing sak nduwuré.