Ezekiel 13:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wahyune wong-wong iku ngapusi lan pamecane iku goroh. Padha kandha: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah. Mangka padha ora kautus dening Yehuwah, ewasamono padha ngarep-arep kelakone pangandikane mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wahyuné wong-wong kuwi ngapusi lan nubuaté kuwi goroh. Pada ngomong: Mengkéné tembungé GUSTI. Nanging pada ora diutus karo GUSTI, senajan mengkono pada ngarep-arep kelakoné tembungé mau.