Ezekiel 13:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun bakal ngacungake astaningSun nglawan para nabi kang ndeleng prakara kang ora nyata lan kang ngucapake pameca-pameca kang goroh, wong-wong iku ora klebu ing golonganing umatingSun lan ora bakal kapengetan dadi turuning Israel, lan ora bakal lumebu maneh ing tanah Israel, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku bakal ngatungké tangan-Ku nglawan para nabi sing ndeleng perkara sing ora nyata lan sing ngutyapké ramalan-ramalan sing goroh, wong-wong kuwi ora klebu ing golongané umat-Ku lan ora bakal ketulis dadi turunané Israèl, lan ora bakal mlebu menèh ing negara Israèl lan kowé bakal weruh, yèn Aku iki Gusti Allah, GUSTI.