Ezekiel 16:37 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
lah marga saka iku Ingsun bakal nglumpukake sakehing wong kang padha sira senengi, yaiku kang padha nggegendeng atinira, para wong kang sira dhemeni lan kang sira sengiti; iku bakal padha Sunklumpukake saka ing sakiwa tengenira kanggo nglawan sira, tuwin Ingsun bakal mbiyak wewadinira ana ing ngarepe wong-wong iku, supaya padha ndeleng wewadinira kalawan cetha.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
awit sangka kuwi Aku bakal nglumpukké kabèh wong sing pada kok senengi, ya kuwi sing pada nggèrèt atimu, para wong sing kok senengi lan sing kok sengiti; kuwi bakal pada Tak klumpukké sangka sak kiwa tengenmu kanggo nglawan kowé, lan Aku bakal mbukak wewadimu ing ngarepé wong-wong kuwi, supaya pada weruh wewadimu karo tyeta.