Ezekiel 16:52 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane, heh sira, sira nyanggaa kawiranganira dhewe, kang njalari paukuman tumrap sadulur-sadulurira wadon luwih entheng katimbang kang tumrap sira; marga saka dosa-dosanira ngluwihi nisthane para sadulurira, mulane iku padha luwih resik katimbang sira. Mulane isina lan nyanggaa kawiranganira dhewe, awit sira njalari sadulur-sadulurira wadon padha katon ora luput.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané, hé! kowé, kowé nyanggaa kewiranganmu déwé, sing njalari paukuman kanggo sedulur-sedulurmu wadon luwih èntèng tenimbang sing kanggo kowé; awit sangka dosamu ngungkuli ala-alané para sedulurmu, mulané kuwi pada luwih resik tenimbang kowé. Mulané isina lan nyanggaa kewiranganmu déwé, awit kowé njalari sedulur-sedulurmu wadon pada kétok ora salah.”